4 kang ngarsakake, supaya wong kabeh padha kapitulungan rahayu lan padha oleh pangawruhing kayekten.
5 Amarga Gusti Allah iku asipat tunggal, samono uga Panjenengane kang dadi pantawis kiat ing antarane Gusti Allah lan manungsa iku uga mung siji, yaiku Sang Manungsa Kristus Yesus,
6 kang wus masrahake sarirane minangka panebus kanggo wong kabeh: iku kang dadi paseksen ing wektu kang wus pinasthi.
7 Iya kanggo paseksen iku aku wus katetepake dadi juru pawarta lan rasul, -- kandhaku iku bener, aku ora goroh -- lan dadi gurune wong kang dudu wong Yahudi, ing sajroning pracaya lan kayekten.
8 Kang iku karepku wong lanang supaya padha ndedongaa ana ing saenggon-enggon kalawan ngulukake tangan kang suci, aja nganggo nepsu utawa padudon.
9 Mangkono uga wong wadon prayoga manganggoa kang pantes, susila lan prasaja, rambute aja diklabang, aja nganggo mas-masan, mutiara utawa sandhangan kang larang-larang,
10 nanging manganggoa sandhangan panggawe becik, dikaya sapatute wong wadon kang ngabekti ing Allah.