7 Iya kanggo paseksen iku aku wus katetepake dadi juru pawarta lan rasul, -- kandhaku iku bener, aku ora goroh -- lan dadi gurune wong kang dudu wong Yahudi, ing sajroning pracaya lan kayekten.
8 Kang iku karepku wong lanang supaya padha ndedongaa ana ing saenggon-enggon kalawan ngulukake tangan kang suci, aja nganggo nepsu utawa padudon.
9 Mangkono uga wong wadon prayoga manganggoa kang pantes, susila lan prasaja, rambute aja diklabang, aja nganggo mas-masan, mutiara utawa sandhangan kang larang-larang,
10 nanging manganggoa sandhangan panggawe becik, dikaya sapatute wong wadon kang ngabekti ing Allah.
11 Wong wadon iku kudune jatmika lan nampanana piwulang kalawan mbangun-turut.
12 Wong wadon ora dakwenangake memulang sarta mengku marang kang lanang, nanging sing jatmika.
13 Awitdene Bapa Adam kang katitahake dhisik, tumuli Ibu Kawa.