3 ora karem ngombe minuman keras, ora gampang nepsu, nanging sumanak, dhemen ngrukunake, ora ngawula marang bandha,
4 dadi kepalaning brayate kang becik, kang dieringi lan diajeni dening anak-anake.
5 Manawa wong ora bisa ngemudheni brayate dhewe, kapriye anggone bisa ngurus pasamuwaning Allah?
6 Aja wong kang lagi bae mratobat, supaya aja dadi gumunggung lan kena paukumaning Iblis.
7 Apamaneh iya kudu kaseksenan becike ana ing sajabaning pasamuwan, supaya aja kena ing panggugating wong lan tumiba ing kalaning Iblis.
8 Mangkono uga para juru pamulasara iya kudu wong kang kajen, kang ora ilat rangkep, ora karem anggur, ora srakah,
9 nanging wong kang bisa nyimpen wewadining pracaya ing sajroning swaraning batine kang suci.