15 Marga wis ana randha sawatara kang kesasar nuruti Iblis.
16 Manawa ana wong lanang utawa wadon kang pracaya, kang brayate ana randhane, iku dibiyantonana, supaya ora dadi rereksaning pasamuwan, satemah pasamuwan bisa rumeksa marang para randha kang pancen kapiran.
17 Para pinituwa kang becik pangrehe iku pantes diajeni tikel kaping pindho, luwih maneh kang kabubuhan kotbah lan memulang.
18 Rak ana pangandika ing Kitab Suci kang wiraose mangkene: “Sapi kang lagi dianggo nutu iku aja sira brongsong cangkeme,” lan: “Wong kang nyambut-gawe iku patut oleh pituwase.”
19 Aja nampani pandakwa marang pinituwa, kajaba yen ana seksine loro utawa telu.
20 Kang padha nglakoni dosa iku welehna ana in ngarepe wong kabeh, supaya wong-wong liyane uga padha wedi.
21 Piwelingku marang kowe kalawan temen-temen ana ing ngarsane Gusti Allah lan Gusti Kristus Yesus sarta para malaekat pepilihane: pituduh iki wigatekna tanpa kasujanan lan tumindakmu tumrap ing samubarang kabeh ditanpa pilih kasih.