5 Dene randha kang pancen randha temenan, kang ketrini, iku duwe pangarep-arep marang Gusti Allah lan tansah nenuwun lan ndedonga rina wengi.
6 Nanging randha kang uripe ngedab-edabi lan ngleluwihi, iku wus mati sajrone isih urip.
7 Para randha iya padha elingna marang bab-bab iki, supaya uripe tanpa cacad.
8 Dene manawa ana wong kang ora mikir marang kulawangsane, apamaneh brayate, iku wis nyingkur pracayane lan luwih ala katimbang karo wong kang ora pracaya.
9 Randha kang dicatheti iku kang umure ora kurang saka sawidak taun, kang mung omah-omah sapisan
10 lan kang wus kaseksenan panggawene becik, kayata: ngulawenthah anak, dhemen aweh pamondhokan, ngwisuhi sikile para sadulur kang tunggal pracaya, nulungi wong kang uripe kesrakat, cekake kang mrelokake sadhengah panggawe becik.
11 Nanging para randha kang luwih enom iku aja kokcatheti. Awit manawa kapanduk ing asmara kang misahake saka Sang Kristus, banjur padha kapengin omah-omah,