1 Mulane, he anakku, disantosa marga saka sih-rahmat kang ana ing Gusti Kristus Yesus.
2 Apa kang wus kokrungu saka aku ana ing sangarepe seksi akeh iku pitayakna marang wong-wong kang padha bisa dipracaya, kang uga bisa mulang marang wong liya.
3 Melua nandhang sangsara kayadene prajurite Sang Kristus Yesus kang utama.
4 Prajurit kang lagi perang iku ora mraduli marang prakara-prakara kang gegayutan karo panguripane, supaya marga saka mangkono iku ndadekake senenge komandhane.