2 Wong akal padha mung mikir marang awake dhewe lan karem bandha. Bakal padha gumunggung, lan mamerake dhiri pribadi, bakal dadi tukang mitenah, bakal wani karo wong tuwa sarta ora duwe panarima, ora mreduli marang agama,
3 ora bisa atindak tresna, ora gelem rukun, seneng ngala-ala wong, ora bisa ngendhaleni dhiri, ambek siya, ora dhemen marang kang becik,
4 seneng cidra, ora mulur budine, kumenthus, milaur nuruti pakareman katimbang karo manut marang Gusti Allah.
5 Anggone padha nindakake pangibadah mung laire bae, nanging lugune padha ora nganggep marang sawabe. Dohana wong-wong kang kaya mangkono iku!
6 Sabab ing antarane wong-wong iku ana kang padha nylinthut lumebu ing omahe wong liya lan mbebujuk wong-wong wadon kang ringkih kang kabotan dosa sarta kang kawengku ing pepenginan marupa-rupa,
7 kang ora tau sumurup maran kayekten sanadyan tansah kapengin kawulang.
8 Padha kaya Yanes lan Yambres anggone nglawan marang Nabi Musa, mangkono uga wong-wong mau padha nglawan marang kayekten. Pikirane bobrok, lan pracayane ora tahan suwe.