3 ora bisa atindak tresna, ora gelem rukun, seneng ngala-ala wong, ora bisa ngendhaleni dhiri, ambek siya, ora dhemen marang kang becik,
4 seneng cidra, ora mulur budine, kumenthus, milaur nuruti pakareman katimbang karo manut marang Gusti Allah.
5 Anggone padha nindakake pangibadah mung laire bae, nanging lugune padha ora nganggep marang sawabe. Dohana wong-wong kang kaya mangkono iku!
6 Sabab ing antarane wong-wong iku ana kang padha nylinthut lumebu ing omahe wong liya lan mbebujuk wong-wong wadon kang ringkih kang kabotan dosa sarta kang kawengku ing pepenginan marupa-rupa,
7 kang ora tau sumurup maran kayekten sanadyan tansah kapengin kawulang.
8 Padha kaya Yanes lan Yambres anggone nglawan marang Nabi Musa, mangkono uga wong-wong mau padha nglawan marang kayekten. Pikirane bobrok, lan pracayane ora tahan suwe.
9 Nanging wis mesthi yen wong-wong mau ora bakal padha bisa tulus, amarga kayadene Yanes lan Yambres, samono uga kabodhoane wong-wong mau bakal luwih dening cetha tumrap wong kabeh.