1 Aku pitutur marang kowe satemen-temene ana ing ngarsane Gusti Allah lan Gusti Kristus Yesus kang bakal ngadili wong kang urip lan mati, demi ngatingale, lan demi Karatone.
2 Kowe nggelarna pangandika, sumanggema ing wektu kang becik, utawa ing wektu kang ora becik, melehna apa kang luput, nyrengenana lan mituturana kalawan sakehing kasabaran lan piwulang.
3 Amarga bakal tumeka ing titimangsane, wong-wong bakal ora bisa nampani piwulang kang bener-becik maneh, nanging bakal padha ngumpulake guru-guru kang dikarepake kanggo maremake pepenginaning kupinge.
4 Bakal padha ngingerake kupinge saka ing kayekten lan ngrungokake marang dongeng.