9 Udinen supaya kowe enggal bisa nekani aku,
10 awit Demas wis rumaket marang donya iki lan ninggal aku. Dheweke wis mangkat menyang Tesalonika. Kreskes wis lunga menyang Galati lan Titus menyang Dhalmatia.
11 Mung Lukas sing isih tetunggalan karo aku. Markus pethuken lan ajaken mrene, awit anggone leladi wigati tumrap aku.
12 Tikhikus wis dakkon menyang Efesus.
13 Yen kowe mrene, jubah kang daktinggal ana ing kutha Troas ana ing omahe Karpus, cangkingen lan uga buku-bukuku, kang prelu dhewe perkamen kae.
14 Aleksander tukang tembaga kae wis nindakake piala akeh marang aku. Iku bakal diwales dening Gusti manut panggawene.
15 Kowe uga sing waspada marang wong iku, awit banget anggone merangi piwulang kita.