2 marga saka kayekten kang tetep dumunung ana ing kita lan bakal nunggal karo kita nganti salawas-lawase.
3 Sih-palimirma, rahmat lan tentrem-rahayu bakal nunggal kalawan kita saka Gusti Allah Sang Rama lan Saka Gusti Yesus Kristus, Putrane Sang Rama, sajroning kayekten lan katresnan.
4 Banget bungahing atiku dene aku nyumurupi, manawa saparoning anak-anakmu padha urip ana ing sajroning kayekten, cocog karo pepakon kang wus kita tampani saka Sang Rama.
5 Dene ing samengko panjalukku marang kowe, ibu, -- ora kok kaya-kaya aku nulis pepakon anyar marang kowe, nanging miturut pepakon kang wus kita duweni wiwit-wiwitan mula -- supaya kita padha tresna-tinresnanana.
6 Dene katresnan iku yaiku: urip kita kudu manut ing pepakone. Dene pepakon iku yaiku, kaya anggonmu wus padha krungu ing wiwitan mula, supaya kowe padha urip ana ing sajroning katresnan.
7 Awit wus akeh juru panasaran kang padha jumedhul lan ndlajahi jagad kabeh, kang ora ngakoni manawa Gusti Yesus wus rawuh dadi manungsa. Iku si juru panasaran lan Anti-Kristus.
8 Padha diwaspada, supaya kowe aja nganti kelangan apa kang wus padha dakgarap, nanging supaya genepa anggonmu padha nampani ganjaran.