3 Aku caos sokur marang Allahku saben-saben aku ngelingi marang kowe kabeh.
4 Lan saben aku ndongakake kowe kabeh, anggonku ndedonga tansah kalawan bungah.
5 Aku ngunjukake panuwun marang Allahku marga saka anggonmu padha tetunggalan ing bab Kabar Injil wiwit ing dina wiwitan nganti saprene.
6 Tumraping iku aku yakin banget, manawa Panjenengane, kang miwiti pakaryan becik ana ing antaramu, iku bakal mbacutake nganti tumeka ing wekasane ing dinane Sang Kristus Yesus.
7 Pancen wus sapantese manawa aku duwe pangrasa mangkono tumraping kowe kabeh, awit kowe padha klebu ing atiku, amarga kowe kabeh padha oleh panduman ing sajroning sih-rahmat kang diparingake marang aku, iya nalikane aku dikunjara, iya nalikane mbelani sarta nyantosakake Injil.
8 Awit Gusti Allah kang dadi seksiku, kaya apa kangenku marang kowe kabeh kalawan sih-katresnane Sang Kristus Yesus.
9 Lan iya iki pandongaku: Muga-muga katresnanmu saya mundhak-mundhaka ing pangawruh kang bener lan ing sarupaning pangreten,