7 Pancen wus sapantese manawa aku duwe pangrasa mangkono tumraping kowe kabeh, awit kowe padha klebu ing atiku, amarga kowe kabeh padha oleh panduman ing sajroning sih-rahmat kang diparingake marang aku, iya nalikane aku dikunjara, iya nalikane mbelani sarta nyantosakake Injil.
8 Awit Gusti Allah kang dadi seksiku, kaya apa kangenku marang kowe kabeh kalawan sih-katresnane Sang Kristus Yesus.
9 Lan iya iki pandongaku: Muga-muga katresnanmu saya mundhak-mundhaka ing pangawruh kang bener lan ing sarupaning pangreten,
10 satemah kowe padha bisa milih apa kang becik, supaya kowe padha dadia resik lan ora cacad ngarepake dinane Sang Kristus,
11 padha kapenuhan wohing kabeneran pakaryane Gusti Yesus Kristus minangka kamulyan lan pangalembananing Allah.
12 Kang dakkarepake, para sadulur, supaya kowe padha sumurup, manawa apa kang tumiba marang aku iki, malah wus ndadekake kamajuaning Injil,
13 satemah wus cetha tumrap sakehing priyayi kraton lan wong liya-liyane kabeh, manawa aku dikunjara marga saka Sang Kristus.