1 Dadi sarehne ing sajroning Sang Kristus iku ana pepeling, ana panglipuring katresnan, ana patunggilaning Roh, ana sih-katresnan lan piwelas,
2 mulane padha ngganepana kabungahanku kalawan mangkene: dipadha sarujuk, tunggal katresnan, tunggal budi, tungal sedya,
3 sepi ing pamrih utawa pangalembana kang tanpa guna. Nanging kosokbaline kalawan andhap asor kang sji nganggepa marang sijine luwih utama tinimbang awake dhewe;
4 lan saben wong aja mung mikir marang kabutuhane dhewe, nanging elinga uga marang kabutuhaning liyan.
5 Ing sajrone anggonmu padha urip bebarenagn padha kadunungana pangangen-angen lan pangrasa kang uga tinemu ana ing Sang Kristus Yesus,
6 kang sanadyan ngagem sipating Allah, ewadene anggone sajajar karo Gusti Allah iku ora kaanggep bab kang kudu dikekahi,