23 Iya iku kang tumuli arep dakkongkon, sawuse cetha tumraping aku kapriye dadine prakaraku,
24 nanging ana ing Gusti aku ngandel, manawa aku dhewe uga bakal enggal teka.
25 Mung bae dakkira prelu aku kongkonan Epafrodhitus marang kowe, yaiku sadulurku lan kanca nyambut-gawe sarta kancaku perang, kang kokkongkon nulungi aku ing bab kabutuhanku.
26 Awit banget kangene marang kowe kabeh lan uga prihatin marga kowe krungu anggone lara.
27 Pancen iya lara temenan nganti meh mati, nanging Gusti Allah paring kawelasan, lan ora mung dheweke bae, nanging uga aku, supaya kasusahanku aja tumpa-tumpa.
28 Yaiku sababe aku sangsaya enggal-enggal kongkonan dheweke, supaya samangsa kowe ndeleng dheweke, padha bisa bungah maneh lan sudaa prihatinku.
29 Mulane tampanana ana ing patunggilaning Gusti kalawan sarupaning kabungahan lan wong kang kaya mangkono iku padha ajenana.