1a Wasana sadulur-sadulurku, padha bungaha ana ing patunggilane Gusti.
1b Mindhoni nulis maneh bab iki marang kowe iku tumraping aku ora abot lan aweh katamtuan marang kowe.
2 Dipadha ngati-ati marang asu-asu, dipadha ngati-ati karo wong-wong kang ala panyambut-gawene, dipadha ngati-ati karo juru netaki kang palsu.
3 Awit iya kita iki kang tetakan ing sabenere, kang padha ngabekti dening Rohe Gusti Allah lan nggunggung ana ing Sang Kristus Yesus lan ora ngandel marang prakara-prakara kadagingan
4 sanadyan aku uga duwe dhasar kumandel marang prakara-prakara kadagingan.Yen ana wong liya rumangsa bisa ngandel marang prakara-prakara kadagingan, aku iki luwih maneh:
5 ditetaki ing dina kang kawolu, trahe bangsa Israel, saka taler Benyamin, wong Ibrani tulen, kawawas saka angger-anggering Toret aku wong Farisi,