2 Dipadha ngati-ati marang asu-asu, dipadha ngati-ati karo wong-wong kang ala panyambut-gawene, dipadha ngati-ati karo juru netaki kang palsu.
3 Awit iya kita iki kang tetakan ing sabenere, kang padha ngabekti dening Rohe Gusti Allah lan nggunggung ana ing Sang Kristus Yesus lan ora ngandel marang prakara-prakara kadagingan
4 sanadyan aku uga duwe dhasar kumandel marang prakara-prakara kadagingan.Yen ana wong liya rumangsa bisa ngandel marang prakara-prakara kadagingan, aku iki luwih maneh:
5 ditetaki ing dina kang kawolu, trahe bangsa Israel, saka taler Benyamin, wong Ibrani tulen, kawawas saka angger-anggering Toret aku wong Farisi,
6 mungguhing kasregepan aku iki tukang nguya-uya pasamuwan, mungguhing kanyataan bab netepi angger-anggering Toret aku tanpa cacad.
7 Nanging apa kang biyen dadi kabegjan tumraping aku, saiki dakanggep kapitunan marga saka Sang Kristus.
8 Malah samubarang kabeh dakanggep kapitunan, marga wanuh marang Sang Kristus Yesus, Gustiku, iku mulyane ngungkuli kabeh-kabeh mau. Iya marga saka Panjenengane iku aku wus mbuwang samubarang kabeh iku lan dakanggep larahan, supaya aku oleh Sang Kristus