11 lan maneh kowe padha kasantosakna sarana kakuwatan panguwasaning kamulyane Pangeran, supaya bab anggonmu ngrasakake samubarang kabeh kalawan tumemen lan sabar.
12 Sabanjure padha saosa sokur kanthi bungah marang Sang Rama, kang wus memantes marang kowe bisane kapanduman apa kang wus katamtokake tumrap marang para suci kang ana ing kratoning pepadhang.
13 Panjenengane wus ngluwari kita saka panguwasaning pepeteng, kaelih menyang kratone Sang Putra kang kinasih.
14 Ana ing Panjenengane anggon kita nduweni tetebusan, yaiku pangapuraning dosa.
15 Panjenengane iku citrane Gusti Allah kang ora katingal, kang pambayun, kang luwih pinunjul tinimbang samubarang kabeh kang dititahake,
16 marga dumadine samubarang kabeh iku dening Panjenengane, iya kang ana ing swarga, iya kang ana ing bumi, kang kasat mripat, lan kang ora kasat mripat, dadia awujud dhampar dadia kaprabon, apadene para pamarentah lan para panguwasa; samubarang kabeh katitahake dening Panjenengane lan lumadi marang Panjenengane;
17 Panjenengane iku anane sadurunge samubarang kabeh ana, lan samubarang kabeh iku anane ana ing Panjenengane;