14 Ana ing Panjenengane anggon kita nduweni tetebusan, yaiku pangapuraning dosa.
15 Panjenengane iku citrane Gusti Allah kang ora katingal, kang pambayun, kang luwih pinunjul tinimbang samubarang kabeh kang dititahake,
16 marga dumadine samubarang kabeh iku dening Panjenengane, iya kang ana ing swarga, iya kang ana ing bumi, kang kasat mripat, lan kang ora kasat mripat, dadia awujud dhampar dadia kaprabon, apadene para pamarentah lan para panguwasa; samubarang kabeh katitahake dening Panjenengane lan lumadi marang Panjenengane;
17 Panjenengane iku anane sadurunge samubarang kabeh ana, lan samubarang kabeh iku anane ana ing Panjenengane;
18 Panjenengane iku jumeneng dadi sesirahing sarira, yaiku pasamuwan. Panjenengane dadi pambayun, kang ndhisiki wungu saka ing antarane wong mati, mulane kasebut pinunjul piyambak ing antarane samubarang kabeh.
19 Marga kawontenane Allah ing sawetahe kepareng dedalem ana ing Panjenengane,
20 kang ngrukunake samubarang kabeh karo sarirane, kang ana ing bumi lan kang ana ing swarga; yaiku sawuse ngawontenake pirukun sarana rohe Gusti Kristus kang sinalib.