1 Saka Yudas, abdine Gusti Yesus Kristus sarta sadulure Yakobus, marang para kang katimbalan, kang kinasih ana ing Allah Sang Rama sarta kang padha sinengker kagem Gusti Yesus Kristus.
2 Rahmat lan tentrem-rahayu apadene sih ngluberana kowe kabeh.
3 He para kekasih, sarehne banget anggonku mbudidaya nulis layang marang kowe bab karahayon kita kabeh, mulane aku rumangsa kadereng nulis iki lan mituturi kowe, supaya padha tetepa perang mbelani iman kang wis kapasrahake marang para suci.
4 Amarga ana sawenehing wong kang padha nlusup ing satengahmu, yaiku wong kang wis suwe padha pinesthekake bakal kaukum: para wong duraka kang migunakake sih-rahmate Allah kita kanggo mblunthah, sarta kang nyelaki marang Panguwasa Tunggal lan Gusti kita, Gusti Yesus Kristus.