12 Wong iku padha dadi blentong ana ing bujananing katresnanmu, samangsa melu kepungan, ora duwe isin, melu mbruwah mburu enake dhewe. Wong iku padha kaya mega kan tanpa banyu kang kabur katut ing angin; prasasat wit-witan kang ora metokake woh ing mangsa gogrog godhonge, kaya wit-witan kang sol saoyod-oyode sarta kang mati kaping pindho.
13 Prasasat ombaking sagara kang mawalikan, kang ngunthukake kanisthane dhewe, padha kaya lintang-lintang kang wus kacawisan panggonan ana in jagading pepeteng langgeng salawase.
14 Mungguh ing wong-wong iku, iya wis ana pamecane Sang Henokh, turun kang kapitu saka Bapa Adam, wiraose: “Lah Pangeran rawuh ginarebeg ing abdine para suci puluhan ewu
15 karsa nindakake pangadilan tumrap wong kabeh, sarta matrapi paukuman marang sakehing pratingkah mblasar kang padha dilakoni, sarta jalaran saka sakehing tembung kang nistha, kan diucapake dening para wong dosa kang mblasar iku marang Pangeran.”
16 Iku wong kang padha grundelan lan ora nrima ing pepesthen, urip nuruti hawa-nepsu, nanging cangkeme padha ngucapake tembung-tembung kang ngayawara, ngonggrong wong, supaya oleh kauntungan.
17 Nanging kowe iku, para kekasih, padha elinga marang pangandika kang dhek biyen wis kawedharake marang kowe kabeh dening para rasule Gusti Yesus Kristus.
18 Jalaran kowe wis padha dipangandikani: “Besuk ngarepake jaman wekasan bakal ana juru pamoyok, kang lakune padha nguja hawa-nepsune kang mblasar.”