18 Jalaran kowe wis padha dipangandikani: “Besuk ngarepake jaman wekasan bakal ana juru pamoyok, kang lakune padha nguja hawa-nepsune kang mblasar.”
19 Wong iku kang padha njalari cecongkrahan, kang mung dikuwasani dening pepenginan-pepenginan ing donya iki, lan uripe ora kadunungan Roh Suci.
20 Nanging kowe para kekasih, padha mbanguna awakmu dhewe, kadhasarana pracayamu kang suci pinunjul, sarta ndedongaa ana ing patunggilane Sang Roh Suci.
21 Padha rumeksaa marang awakmu dhewe mangkono, ana ing sajroning sihe Gusti Allah, kalawan nganti-anti marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, tmuju ing urip langgeng.
22 Welasana wong-wong kang isih mangu-mangu.
23 Wong iku padha entasna srana karebut saka ing geni. Nanging ketokna welas-asihmu kakanthenan wedi, uga marang wong liya, sarta padha sengita marang sandhangane wong-wong kang kajemberake dening pepenginan-pepenginaning daging.
24 Panjenengane kang kuwasa ngreksa marang kowe kabeh, supaya padha ora kesandhung sarta mrenahake kowe kalawan tanpa cacad ana ing ngarsaning kamulyane kanthi sukarena.