1 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:“Marga saka durakane Moab telung prakara,malah patang prakara,mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun,awitdene wus ngobongi balunge raja-raja Edom dadi gamping,
2 Ingsun bakal kintun geni menyang ing Moab,kang mangsa kadhaton Keriot nganti entek;sarta Moab bakal tumpes ing satengahe rerusuh,binarung ing surak ing nalika kalasangka kaunekake.
3 Ingsun bakal nyirnakake kang nyekel pangwasa ing satengahe,sarta sakehe panggedhene Sunpateni kabeh bareng karo wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
4 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene:“Marga saka durakane Yehuda telung prakara,malah patang prakara,mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun,awitdene wus padha nampik angger-anggering Yehuwah,lan ora netepi pranatane,nanging padha kasasarake dening dewa-dewane kang goroh,kang dienut dening para leluhure,
5 Ingsun bakal kintun geni menyang ing Yehuda,kang mangsa kedhaton Yerusalem nganti entek.”