1 He wong Israel, padha ngrungokna pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah tumrap sira, iya tumrap bangsa sakabehe kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir, mangkene pangandikane:
2 “Mung sira kang Sunudaneni,saka sakehe bangsa ing salumahing bumi,mulane sira bakal Sunukummarga saka sakehe kaluputanira.
3 Apa ana wong loro kang mlaku bebarengan,manawa durung sarembug?
4 Apa ana singa kang nggero ana ing alas,manawa durung oleh memangsan?Singa nom apa nyuwara ana ing panggonane,manawa durung nubruk apa-apa?
5 Apa ana manuk kang tiba ana ing pasangan kang ana ing lemah,manawa ora kapasangan pakan?Pasangane apa iya kajunjung saka ing lemahmanawa durung oleh apa-apa?
6 Apa ana kalasangka kaunekake ana ing sawijining kutha,kang ora ndadekake gumetere wong-wong?Lan apa ana bilai kang nempuh sawijining kutha,kang dudu Pangeran Yehuwah kang nindakake?