2 Gusti Allah wus supaos demi kasucene:Lah bakal tumeka ing titi-mangsaneanggonira padha kaangkat sarana ganthol,sarta kekarenira srana pancing iwak.
3 Sira bakal padha metu ngliwati bedhahaning baluwarti,siji-sijine ngenceng ing dalane dhewe-dhewe,lan sira bakal kasered menyang ing Hermon,”mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
4 “Padha menyanga ing Betel lan gawea dosa,menyanga ing Gilgal,sarta undhakana anggonira gawe dosa,ing wayah esuk padha ngajokna kurbanira sembelehan,sarta ing dina kaping telune pisungsungira prasepuluhan.
5 Apadene ngobonga kurban pamuji kalawan roti kang mawa ragi,lan ngundhangna kurban-kurban manasuka;wartakna iku!Awit kang mangkono iku rak wus dadi kasenenganira, ta, he wong Israel?”,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
6 “Sanadyan Ingsun wus ngganjar marang sirauntu kang ora kecak pangan ing kuthanira kabeh,lan kekurangan roti ana ing sakehe papan panggonanira,ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun,”mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
7 “Lan Ingsun wus ngendheg udan marang sira,telung sasi sadurunge mangsa panen;sarta paring udan ana ing salah sijining kutha,lan kutha sijine ora Sunparingi udan,pategalan kang siji kodanan,tuwin pategalan kang ora kodanan dadi garing.
8 Wong saisine kutha loro telu padha keraya-raya lunga menyang sawijining kutha,arep ngombe banyu, nanging ora bisa marem,ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.