1 Padha rungokna tembung kang dakucapake ing ngatase kowe kabeh iki minangka kidung pangadhuh, he, turune Israel:
2 “Putri ing Israel wus padha tiba,lan bakal ora ngadeg maneh,ambruk ing bumine,ora ana kang nangekake.”
3 Awitdene mangkene pangandikane Gusti Allah marang turune Israel:“Kutha kang nglurug perang nggawa bala sewu,bakal kari satus,lan kang nglurug perang nggawa bala satus,bakal kari sepuluh.”
4 Awit mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang turune Israel:“Sira padha ngupaya Ingsun, temah bakal urip!