10 Wong iku padha sengit marang sapa bae kang melehake ana ing gapurane kutha,lan enek marang kang ngucapake tembung-tembung kalawan eklas.
11 Sarehne sira padha ngidak-idak marang wong apes,sarta gandume kokpajegi,mulane sanadyan sira wus padha gawe omah watu tatahan,nanging iku bakal ora sira enggoni;sanadyan sira wus gawe pakebonan anggur kang endah,nanging sira ora bakal ngombe anggure.
12 Awitdene Ingsun mirsa yen akeh durakaniralan akeh cacahe dosanira,heh kowe kang padha gawe sumpeking atine wong mursid,sarta kang padha nampani besel,lan kang ngiwakake wong miskin ana ing gapura.
13 Mulane ing mangsa iku,sapa kang duwe budi bakal meneng bae,marga wektu iku wektu kang ala.
14 Padha ngupayaa kang becik aja kang ala,supaya kowe urip;karodene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe kang sarwa dumadi bakal nunggil kalawan sira,kaya kang dadi ujarmu.
15 Piala iku sengitana lan rumaketa marang kabecikan,njejegna kaadilan ana ing gapurane kutha,bokmanawa Pangeran Yehuwah,Gusti Allahe kang sarwa tumitahbakal karsa paring kawelasanmarang kekarene turune Yusuf.
16 Lah Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe kang sarwa dumadi,iya Gustiku, ngandika mangkene:“Pangadhuh bakal keprungu ana ing sakehing ara-ara;lan ing sakehe lelurung wong bakal ngadhuh-adhuh: Adhuh lae, adhuh lae!Wong tani diundang supaya ngadhuh-adhuh,samono uga wong kang pinter nangis,supaya nganakake patangisan.