17 Lan ing kebon-kebon anggur bakal ana pangadhuh,samangsa Ingsun lumampah ana ing tengahira,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
18 Bilai wong kang padha ngarep-arep marang dinane Sang Yehuwah!Apa gunane dinane Sang Yehuwah iku tumrap sira?Dina iku pepeteng, dudu pepadhang!
19 Umpamane kaya wong kang lumayu saka ing ngarepe singa,dumadakan kepethuk karo bruwang,sarta bareng tekan ing omahe,lan sendhen ing tembok kalawan tangane katemplekake,banjur kacakot ula.
20 Dinane Sang Yehuwah iku rak pepeteng, dudu pepadhang,rak peteng limengan tanpa cahya?
21 “Riyayanira Sunsengiti, iya Sunremehake.Ingsun ora rena marang pasamuwanira gedhe.
22 Sanyata, samangsa sira nyaosake marang Ingsun kurbanira obaran,lan kurbanira dhaharan,iku ora ndadekake kaparenge galihingSun,sarta kurbanira slametan kang arupa pedhet lemon,iku ora Sunpirsani.
23 Sesindhenanira kang rame iku edohna saka ing ngarsaningSun,sarta swaraning clempungira Ingsun ora karsa midhangetake.