24 Nanging kaadilan iku gumlindhinga kaya banyu,lan kabeneran kaya kali kang tansah mili.”
25 “He, turune Israel. Ana ing pasamunan patang puluh taun lawase iku apa sira nyaosi kurban sembelehan lan kurban dhaharan marang Ingsun?
26 Malah sira padha ngusung Sakut, rajanira, lan Kewan, dewanira lintang, reca-recanira kang sira gawe.
27 Mulane sira bakal Sunbucal adoh ngliwati tlatah Damsyik,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, kang asmane kasebut Gusti Allahe kang sarwa tumitah.