3 Awitdene mangkene pangandikane Gusti Allah marang turune Israel:“Kutha kang nglurug perang nggawa bala sewu,bakal kari satus,lan kang nglurug perang nggawa bala satus,bakal kari sepuluh.”
4 Awit mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang turune Israel:“Sira padha ngupaya Ingsun, temah bakal urip!
5 Aja ngupaya marang Betel,lan aja menyang ing Gilgal,sarta iya aja lumaku menyang Bersyeba,awit Gilgal mesthi bakal lumebu ing pambuwangan,sarta Betel bakal sirna.”
6 Padha ngupayaa Pangeran Yehuwah, temah bakal urip,supaya Panjenengane aja nganti ngrawuhi turune Yusuf kaya geni,kang bakal mangsa nganti entek,Betel ora ana kang nyirepake genine.
7 He, para kang ngowahi kaadilan dadi butrawali,sarta kang mbanting kabeneran ing bumi!
8 Panjenengane kang wus nitahake lintang Wuluh lan lintang Waluku,kang ndadekake pepeteng dadi bangun esuk,sarta kang ndadekake awan dadi peteng kaya bengi;Panjenengane kang nimbali banyu sagara,lan ngesokake iku marang ing lumahing bumi,iku asmane kasebut Pangeran Yehuwah.
9 Panjenengane ndhawahake karusakan marang kang santosa,temah papan kang mawa baluwarti iya kelakon gempur.