11 Marga lah Sang Yehuwah wus dhawuh,omah kang gedhe bakal dirubuhake dadi jugrugan,lan omah kang cilik bakal dadi bobrok.
12 Jaran apa padha lumayu ana ing gunung parang,sarta sagara apa diwluku kalawan sapi?Lah sira wus ngowahi kaadilan dadi wisa,lan kabeneran dadi brutawali?
13 He sira, kang padha bungah-bungah marga saka Lodhabar,sarta kang padha ngucap: “Apa dudu kita kang ngrebut Karnaim kalawan karosan kita?”
14 “Sabab lah Ingsun bakal ngedegake sawijining bangsa,kang bakal nglawan marang sira, he turune Israel,”-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahing sarwa dumadi --“sarta sira bakal ditindheswiwit saka dalan kang ngener ing Hamatnganti tekan ing kali kang ana ing Araba.”