2 Padha menyanga ing Kalne lan nitipriksaa,saka kono menyanga ing Hamat nagara kang gedhe iku,banjur menyanga ing Gat, nagarane wong Filisti,apa iku padha ngluwihi becike karajan-karajan iki,utawa tlatahe apa luwih jembar tinimbang tlatahira?
3 He, sira kang padha nganggep adoh saka dinaning bilai,nanging nyedhakake paprentahan panganiaya;
4 kang klemahan ana ing paturon gadhing,lan nglegeyeh ana ing amben,sarta mangan cempening pepanthan,apadene pedhet saka ing satengahe pepanthaning kewan lemon,
5 kang padha menyanyi manut unining clempung,sarta nganggit kekidungan kaya Dawud;
6 kang ngombe anggur ing bokor,lan njebadi awak kalawan lenga kang adi dhewe,nanging ora mreduli bab rusaking bani Yusuf.
7 Mulane saiki, wong-wong iku bakal padha budhal menyanging pambuwangan lan dadi pucuking barisan,temah sirep ramening pistane kang padha leyeh-leyeh.”
8 Pangeran Yehuwah wus supaos demi sarirane piyambak;-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Allah Gustining sarwa tumitah --:“Ingsun enek mirsani piangkuhe Yakub,lan sengit marang kadhatone;nagara saisine bakal Sunulungake.”