3 Ing kono Sang Yehuwah banjur apiduwung ing bab iku,pangandikane: “Iku bakal ora kelakon.”
4 Pangeran Yehuwah tumuli paring tetingalan marang aku kaya mangkene: Pangeran Yehuwah nimbali geni minangka paukuman, geni mau banjur mangsa samodra agung lan pategalan nganti entek.
5 Aku nuli munjuk:“Dhuh Pangeran Yehuwah, mugi Paduka karsaa kendel!Kadospundi Yakub anggenipun saged lestantun?Piyambakipun punika rak alit, ta?”
6 Ing kono Sang Yehuwah banjur apiduwung,pangandikane: “Iku uga ora bakal kelakon.”
7 Iki tetingalan kang diparingake marang aku: Pangeran jumeneng ing sacedhaking tembok kang jeleg, lan ngasta sipat gantung.
8 Pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “He Amos, sira ndeleng apa?” Unjukku: “Tangsul sipat gantung!” Pangandikane Pangeran:“Lah umatingSun Israel bakal Sunetrapi sipat gantung ana ing tengahe.Ingsun ora bakal maringi pangapura maneh.
9 Tengger-tengger pangurbanane Iskak bakal kadadekake ludhes,lan papan-papan sucine Israel bakal karusak,sarta Ingsun bakal nglawan marang turune Yerobeam kalawan pedhang.”