1 Pangeran Yehuwah paring tetingalan marang aku mangkene: Lah ana kranjang isi woh-wohan undhuhan ing mangsa ketiga.
2 Panjenengane tumuli ngandika: “He Amos, sira ndeleng apa?” Unjukku: “Kranjang isi woh-wohan undhuhan ing mangsa ketiga.” Ing kono pangandikane Sang Yehuwah:“Wus cedhak wekasane umatingSun Israel,Ingsun ora bakal maringi pangapura maneh.
3 Ing dina iku kekidungan ing padaleman suci bakal dadi pangadhuh,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.“Ing ngendi-endi ana jisim,kang kabuwang ing saenggon-enggon kanthi sidheman.”
4 Rungokna iki, he, kowe kang padha nindhes marang wong miskinlan kang ngrusak wong mlarat ing nagara kene,