3 Ing dina iku kekidungan ing padaleman suci bakal dadi pangadhuh,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.“Ing ngendi-endi ana jisim,kang kabuwang ing saenggon-enggon kanthi sidheman.”
4 Rungokna iki, he, kowe kang padha nindhes marang wong miskinlan kang ngrusak wong mlarat ing nagara kene,
5 lan mikir: “Besuk apa enteke sasi anyar,supaya kita bisa adol gandum,sarta besuk apa rampunge dina Sabat,supaya kita bisa nawakake gandumkalawan nyuda takeran efa lan nggedhekake sekel,ngapusi kalawan timbangan palsu,
6 supaya kita bisa tuku wong sekeng srana dhuwit,lan wong miskin kalawan trumpah sapasang,sarta adol gandum rosokan?”
7 Sang Yehuwah wus supaos demi kamulyane Yakub:“Satemen-temene Ingsun ora bakal nyupekake ing sateruse marang sakehe panggawene!
8 Apa bumi ora bakal gumeter marga saka kang mangkono iku,nganti saben wong kang manggon ing kono ngrasakake susah?Apa iku kabeh ora bakal munggah kaya bengawan Nil,lan gonjang-ganjing banjur mendhak maneh kayadene bengawan ing tanah Mesir?”
9 “Ing dina iku bakal kelakon,”-- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah --“srengenge bakal Sundadekake angslup ing wayah awan,sarta bumi Sundamel peteng ing wayah raina.