Amos 9:2-8 JAV

2 Sanadyan padha nembus tekan ing jagading wong mati,astaningSun mesthi mundhut wong-wong iku saka ing kono;utawa saupama munggaha menyang ing langit,iya bakal Sunandhapake saka ing kono.

3 Sanadyan padha umpetan ana ing pucake gunung Karmel,mesthi bakal Sunlari lan Sunglandhang saka ing kono;utawa sanadyan arep nilapake tingalingSun lan ndhelik ana ing dhasaring sagara,Ingsun bakal dhawuh marang ula supaya nyakot wong-wong iku ana ing kono.

4 Sanadyan padha lumaku ana ing ngarepe mungsuhe minangka tawanan,Ingsun bakal utusan pedhang supaya mateni wong-wong iku ana ing kono.Ingsun bakal ngarahake tingalingSun marang wong-wong ikusupaya padha cilaka, ora supaya padha slamet.”

5 Gusti Allahing sarwa dumadikang ndumuk marang bumi, temah gonjing,lan para wong kang ngenggoni padha nandhang susah,sarta kabeh padha mumbul kaya bengawan Nil,banjur mendhak maneh kaya bengawan ing Mesir;

6 kang yasa gedhong ana ing langit,sarta nelesi plengkunge ana ing bumi,kang nimbali banyu sagara,banjur diesokake ing salumahe bumi,Pangeran Yehuwah iku asmane.

7 “He wong Israel. Sira iku tumrap Ingsun rak padha bae kaya wong Etiopia?”-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.“Israel rak wus Sunhiridmetu saka ing tanah Mesir,wong Filisti saka ing Kaftor,lan wong Aram saka ing Kir?

8 Lah, Sang Yehuwah Allah wus nitipriksakarajan kang nindakake dosa iku.Iku bakal Suntumpes temah sirna saka ing lumahe bumi;nanging turune Yakub iku bakal ora Suntumpes nganti tapis,”-- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah --.