3 Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hagai Mangkene:
4 “Apa iya wus tekan titi-mangsane sira padha manggon ana ing omahira dhewe kang linapis gebyog apik, mangka Padaleman iki tetep dadi jugrugan?
5 Mulane, -- mangkene pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --: Rasakna kaananira!
6 Sira iku nyebar akeh, nanging sathithik oleh-olehane kang sira gawa mulih; sira mangan, nanging ora nganti wareg; anggonira ngombe ora nganti marem; anggonira nyandhang, ora nganti anget awakira; apadene wong kang buruh, sawuse nyambutgawe anggone nyimpen buruhane ana ing kanthong kang bolong!
7 Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Rasakna kaananira!
8 Padha munggaha ing gunung, njupuka kayu, Padaleman iki kabanguna, temah bakal ndadekake keparenging panggalihingSun, sarta Ingsun bakal ngatingalake kaluhuraningSun ana ing kono, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.
9 Sira padha ngarep-arep akeh, nanging oleh-olehane mung sathithik, lan bareng sira lebokake ing omahira, banjur Sunsebul, sabab apa? -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --. Jalaran PadalemaningSun isih tetep dadi jugrugan, mangka sira padha ribut ngopeni omahira dhewe.