1a ing sasi nem, tanggal patlikur.
1b Ing taun kang kaping pindhone jamane Sang Prabu Dharius,
2 ing sasi kapitu, tanggal ping selikur, ana pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hagai, mangkene:
3 “Sira ndhawuhana marang Zerubabel bin Sealtiel, bupati ing Yehuda karo Imam Agung Yusak bin Yozadak, sarta marang para wong kekarene umat, mangkene:
4 Sapa panunggalanira kang isih menangi nalika padaleman iki kadunungan kamulyan? Lan kapriye katone marang sira saiki, rak dudu apa-apa ing sapandelengira?
5 Ewadene saiki sira disantosa atinira, he Zerubabel! -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- he, Imam Agung Yusak bin Yozadak, disantosa atinira! He sakehe para wong isine nagara, dipadha santosa atinira! -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah; padha tumandanga, marga Ingsun nganthi marang sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --.