7 Sabab pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, mangkene: Ora antara lawas nuli Ingsun bakal ngoregake langit lan bumi, sagara lan dharatan.
8 Karomaneh sakehe bangsa bakal padha Sunoregake, satemah sakehe raja-branane bakal digawa mrene, sarta Padaleman iku bakal Sunkebaki ing kamulyan. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --.
9 Sarupane salaka iku kagunganingSun, lan sarupane mas iku iya kagunganingSun. -- Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa dumadi --.
10 Anadene kaendahane Padaleman iki kang besuk bakal ngluwihi kaendahane kang dhisik, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --, lan ana ing panggonan iki Ingsun bakal paring tentrem-rahayu --. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa dumadi.”
11 Nalika tanggal kaping patlikur sasi kang kasanga, ing taun kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, ana pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi lumantar Nabi Hagai, surasane:
12 “Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Njaluka piwulang marang para imam.
13 Saupama ana wong kang nggawa daging suci ana ing pojoking jubahe, mangka pojoking jubah mau nggepok roti utawa olah-olahan, anggur utawa lenga lan sadhengah apa kang kena dipangan, apa kang kagepok iku iya dadi suci?” Wangsulane para imam: “Boten.”