1 Pangeran Yehuwah nimbali Nabi Musa sarta ngandika marang panjenengane saka ing Tarub Pasewakan, dhawuhe:
2 “Sira ndhawuhana wong Israel lan sira tutura: manawa ana wong panunggalanmu kang arep nyaosake kurban marang Pangeran Yehuwah, kurbanira iku kudu raja-kaya, yaiku sapi utawa wedhus.
3 Manawa sesaosane iku kurban obaran arupa sapi, kudu lanang kang tanpa cacad. Anggone nyaosake iku ana ing ngarep lawang Tarub Pasewakan, supaya ndadekna keparenging panggalihe Pangeran Yehuwah.
4 Nuli tangane ditumpangna ana ing endhase kurban obaran mau, temah kurbane mau katrimah lan ngolehake pangruwating dosane.