1 Pangeran Yehuwah nimbali Nabi Musa sarta ngandika marang panjenengane saka ing Tarub Pasewakan, dhawuhe:
2 “Sira ndhawuhana wong Israel lan sira tutura: manawa ana wong panunggalanmu kang arep nyaosake kurban marang Pangeran Yehuwah, kurbanira iku kudu raja-kaya, yaiku sapi utawa wedhus.
3 Manawa sesaosane iku kurban obaran arupa sapi, kudu lanang kang tanpa cacad. Anggone nyaosake iku ana ing ngarep lawang Tarub Pasewakan, supaya ndadekna keparenging panggalihe Pangeran Yehuwah.
4 Nuli tangane ditumpangna ana ing endhase kurban obaran mau, temah kurbane mau katrimah lan ngolehake pangruwating dosane.
5 Sawuse mangkono banjur nyembeleha sapine ana ing ngarsaning Yehuwah; para anake Harun, imam-imam mau nyaosna getihe sapi mau lan disiramna ing sakubenge misbyah ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.
6 Nuli kurbane mau dikeleti lan ditengkel-tengkel miturut perangan-perangan kang wus katemtokake.