6 Nuli kurbane mau dikeleti lan ditengkel-tengkel miturut perangan-perangan kang wus katemtokake.
7 Para anake Imam Harun banjur dadekna geni ana ing misbyah sarta nataa kayu tumumpang ing geni mau,
8 sarta banjur nataa tengkel-tengkelane kurbane iku, endhase lan gajihe katumpangna ing kayu kang murub ana ing misbyah mau.
9 Nanging jeroane lan pupune kudu dikumbah, banjur diobonga kabeh dening imam ana ing misbyah minangka kurban obaran, minangka kurban genenan kang gandane damel renane Pangeran Yehuwah.
10 Manawa sesaosane kanggo kurban obaran mau arupa wedhus, wedhus gembel apa wedhus berok, kang disaosake iku kudu lanang kang tanpa cacad.
11 Panyembelehe ana ing iringane misbyah sisih lor ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, para imam anake Harun, banjur nyiramna getihe ana ing sakubenge misbyah.
12 Sawuse mangkono banjur ditengkel-tengkela miturut perang-perangane kaya kang wus katemtokake, tengkel-tengkelane, endhase lan gajihe ditataa dening imam ana ing kayu kang murub ana ing misbyah mau.