1 Kacarita para putrane Imam Harun, Nadab lan Abihu, padha njupuk padupane, diiseni geni sarta ditumpangi dupa. Marga saka iku dadi padha nggawa geni liya marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nyulayani kang dadi dhawuhe.
2 Banjur ana geni metu saka ing ngarsane Sang Yehuwah kang mangsa wong loro iku, temah padha mati sanalika ana ngarsane Pangeran Yehuwah.
3 Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun: “Iya iki kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah: Ingsun nelakake kasuceningSun marang wong kang cedhak kalawan Ingsun, sarta nglairake kamulyaningSun ana ing ngarepe wong sabangsa kabeh.” Anadene Imam Harun mung kendel bae.
4 Nabi Musa banjur nimbali Misael lan Elsafan, anak-anake Uziel, pamane Rama Harun, padha didhawuhi mangkene: “Padha majua, sadulurmu iku gotongen metu saka ing ngarepe pasucen menyang ing sajabane palereban.”
5 Wong mau tumuli padha maju, jisime padha diangkat metu menyang ing sajabane palereban, isih nganggo kemejan, netepi dhawuhe Nabi Musa.