6 Nabi Musa banjur ngandika marang Imam Harun lan marang Eleazar lan Itamar, para putrane Imam Harun: “Kowe aja padha sedhih lan aja padha susah, supaya aja padha mati lan wong sapasamuwan kabeh kena ing bebendune Pangeran Yehuwah. Mung para sadulurmu, yaiku wong Israel sabangsa kabeh, iku kang padha nangisa marga saka geni kang diurubake dening Pangeran Yehuwah iku.
7 Kowe aja padha lunga-lunga saka ing lawangane Tarub Pasewakan, supaya kowe aja nganti padha nemahi pati, marga kowe padha kadunungan lenga jebade Sang Yehuwah.” Imam Harun lan para putrane padha nindakake apa sadhawuhe Nabi Musa.
8 Pangeran Yehuwah ngandika marang Imam Harun:
9 “Sira dalah anak-anakira aja padha ngombe anggur utawa sadhengah inuman keras, samangsa sira padha lumebu ing Tarub Pasewakan, supaya sira aja nganti padha nemahi pati. Iku dadia pranatan kanggo ing salawase turun-tumurun,
10 supaya sira bisa mbedakake samubarang kang suci karo kang ora, kang najis lan kang ora najis.
11 Sarta maneh sira wulangna marang wong Israel, sakehe pranatan kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang wong-wong iku lumantar Nabi Musa.”
12 Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun, Eleazar lan Itamar, para putrane kang isih kari: “Padha njupuka kurban dhaharan turahane sakehe kurban genenan kang kagem Pangeran Yehuwah, iku nuli panganen ana ing sandhinge misbyah kaya dene roti tanpa ragi; awit iku panduman kang suci pinunjul.