1 Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun, mangkene:
2 “Sira ndhawuhana marang wong Israel: Iki kewan kang kena sira pangan saka ing antarane kewan kang sikil papat kang ana ing dharatan:
3 Sadhengah kewan kang atracak belah, yaiku kang belahane dawa kang sarta nggayemi, iku kena sira pangan.
4 Nanging panunggalane kang nggayemi lan kang belah tracake, kang ora kelilan sira pangan, yaiku: unta, awit iku iya nggayemi, nanging ora atracak belah, iku karam tumrap sira.
5 Uga safan, iku uga nggayemi nanging ora tracak belah, dadi karam tumrap sira,