12 Sadhengah kang urip ana ing banyu kang tanpa kepet lan sisik, iku najis tumrap sira.
13 Panunggalane manuk kang kudu sira najisake lan aja sira pangan amarga kabeh iku najis, yaiku: manuk garudha, manuk beri lan manuk wulung sagara,
14 manuk wulung abang lan manuk wulung ireng lan sapepadhane,
15 bangsa gagak lan sapepadhane,
16 manuk unta, manuk uwek, manuk dares lan bangsa alap-alap sapepadhane,
17 manuk kos, manuk salak lan manuk yansyuf;
18 manuk tinsemet, walang kadhak lan manuk rakham;