16 manuk unta, manuk uwek, manuk dares lan bangsa alap-alap sapepadhane,
17 manuk kos, manuk salak lan manuk yansyuf;
18 manuk tinsemet, walang kadhak lan manuk rakham;
19 manuk khasidhah, manuk bango lan sapepadhane, manuk dukifat lan lawa.
20 Sarupane kewan gumremet mawa elar lan asikil papat iku padha najis tumrap sira.
21 Dene panunggalane bangsa gumremet kang mawa elar lan asikil papat, lan kajaba sikile papat isih ana suthange kanggo mencolot ana ing bumi, iku kena sira pangan.
22 Panunggalane kang kena sira pangan, yaiku: walang lan sapepadhane, walang gambar lan sapepadhane, bangsane walang kunir lan bangsane walang pari.