2 “Sira ndhawuhana marang wong Israel: Iki kewan kang kena sira pangan saka ing antarane kewan kang sikil papat kang ana ing dharatan:
3 Sadhengah kewan kang atracak belah, yaiku kang belahane dawa kang sarta nggayemi, iku kena sira pangan.
4 Nanging panunggalane kang nggayemi lan kang belah tracake, kang ora kelilan sira pangan, yaiku: unta, awit iku iya nggayemi, nanging ora atracak belah, iku karam tumrap sira.
5 Uga safan, iku uga nggayemi nanging ora tracak belah, dadi karam tumrap sira,
6 apadene truwelu, iku iya pancen nggayemi, nanging ora tracak belah, dadi karam tumrap sira.
7 Mangkono uga celeng, iku iya tracak belah, malah belahane dawa, nanging ora nggayemi, iku karam tumrap sira.
8 Daginge kewan-kewan iku mau aja sira pangan lan bathange aja sira gepok; kabeh iku karam tumrap sira.