32 Karomaneh sadhengah apa kang ketiban kewan mau samangsa wus mati, iku mesthi dadi najis: sakehing piranti kayu, sandhangan, lulang utawa bagor lan sadhengah piranti kang kanggo nindakake apa bae, iku kacemplungna ing banyu lan dadi najis tumeka suruping srengenge, sawuse mangkono bakal dadi resik maneh.
33 Nanging sadhengah wadhah grabah kang ketiban salah sawijine kewan iku, apa isine dadi najis, dene wadhahe kudu sira pecah.
34 Sadhengah pangan kang kena dipangan, manawa kecak banyuning wadhah mau, iku dadi najis, lan sarupane omben-omben kang kena diombe kang ana ing wadhah kang mangkono iku, iya dadi najis.
35 Samubarang kang ketiban bathange kewan mau dadi najis; manawa iku pambakaran roti utawa anglo, iku karemuka, awit iku kabeh wus padha dadi najis lan iya sira anggepa najis;
36 nanging sumber utawa sumur kang isi banyu, iku tetep ora najis; nanging sing sapa nggepok bathange kewan-kewan mau, iku dadi najis.
37 Mangkono maneh winih apa bae kang arep disebar, kang ketiban ing bathange kewan iku, iku tetep ora najis.
38 Nanging manawa winih mau wus diekum ing banyu, nuli ketiban bathange, iku dadi najis tumrap sira.