1 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:
2 “Sira ndhawuhana marang wong Israel: Samangsa ana wong wadon nglairake anak, metu lanang, iku dadi najis lawase pitung dina, iya padha lawase kaya anggone dadi najis samangsa nggarap-sari.
3 Lan ing wolung dinane bayi iku katetakana ikute.
4 Sawuse mangkono wong wadon mau tetepa ana ing omahe bae lawase telung puluh telu dina nganti birating najise getih, lan ore kena nggepok sadhengah apa kang suci lan ora kena lumebu ing pasucen, nganti tumeka ganeping dinane anggone kasucekake.
5 Balik manawa nglairake anak wadon, banjur dadi najis lawase rong minggu, najise padha kaya samangsa nggarap-sari. Sawuse mangkono tetepa ana ing omahe bae lawase sawidak nem dina nganti birating najise getih.